Rabu, 10 Desember 2014

Tradisi Tingkeban

Tingkeban
Upacara Tingkeban ugi saged dipunwastani mitoni, ingkang saking tembung pitu tegesipun inggih menika angka pitu (7). Upacara tingkeban dipuntindakaken menawi priyantun estri sampun ngandhut pitung sasi saha nembe ngandhut sepisan. Upacara tingkeban menika salah – satunggaling tradisi ingkang wonten ing Jawa, inggih menika ingkang tansah dipunuri – uri dumugi sakmenika. Tradisi menika anggadahi ancas inggih menika kagem nepangaken bilih pendhidhikan menika dipuntindakake wiwit wontenipun jalmi ing kandhutan dumugi diwasa. Nalika ngandhut katah sanget perkawis sae ingkang kedah dipuntindakaken dening biyungipun, lan ugi biyungipun kedah nebihaken saking perkawis ingkang boten sae. Menika anggadhahi teges supados putra ingkang badhe dipunlairaken dados putra ingkang sae.
A.    Lelampahan upacara tingkeban
            Nalika nindakaken upacara tingkeban wonten lelampahan ingkang kedah dipuntindakaken, inggih menika :
  1. Siraman dipuntindakaken dening sesepuh (priyantun ingkang dipunsepuhaken) ingkang cacahipun pitu, kalebet rama kaliyan ibu saking ibu ingkang nembé ngandhut. Saénipun ingkang nyirami inggih punika tiyang sepuh ingkang sampun gadhah wayah.      
  2. Sasampunipun upacara siraman, dipunlajengaken upacara nglebetaken tigan ayam kampung wonten ing kain (sarung) calon sang ibu déning calon bapak ( garwanipun ) saking padharanipun ngantos pecah. Menika minangka simbol saha nyuwun supados bayi ingkang badhé dipunlairaken saged lair kanthi gampil tanpa alangan satunggal menapa. Padatanipun, bilih priyantun èstri ingkang nembé ngandhut sapisanan nglairaken kathah godhanipun. Awit saking punika, kedah ndedonga kagem kaslametan, mliginipun wonten ing wekdal pitung sasi.
  3. Salajengipun inggih menika gantos rasukan ( wusana ) kaping pitu dipunrangkepi kain pethak. Kain pethak kala wau dados dhasaring busana ingkang kaping pisan minangka pralambang bilih bayi ingkang badhe dipunlairaken inggih suci saha badhe pikantuk rahmat saking Gusti Allah SWT.
  4. Sasampunipun calon ibu ngagem kain pethak kaping pitu gantos-gantosan, salajengipun inggih menika adicara medhot lawe ingkang dipunubengaken ing padharanipun calon ibu. Dene ingkang medhot benang lawe inggih menika calon bapakipun, sakmenika aggadhahi ancas supados bayi ing kandhutan samangke saged lair kanthi gampil.
  5. Menawi lawè sampun dipunpedhot, mila calon simbah putri saking calon ibu, nggèndhong klapa gadhing dipunkancani dèning ibu besan. Ananging saderengipun, klapa gadhing kala wau dipunlebataken wonten ing kain ingkang dipunagem calon ibu saking nginggil liwat padharan dumugi ngandhap, lajeng dipuntampani dening calon simbah putrinipun. Ancasipun inggih menika supados samangke bayi ingkang dipunkandhut saged lair kanthi gampil tanpa rubeda satunggal menapa.
  6. lelampahan adicara ingkang salajengipun inggih menika calon bapa mecah klapa gadhing kasebat kanthi saderengipun milih setunggal saking kalih klapa ingkang sampun dipugambari Kamajaya saha Dewi Ratih utawi Arjuna kaliyan Wara Sumbadra utawi Srikandhi. Klapa kalih kala wau dipunwalik supados ingkang bapa boten saged ningali gambaripun kala wau. Menawi klapa ingkang dipungepuk kaliyan ingkang bapa ingkang gambaripun Kamajaya mila bayinipun badhe lair kakung, bilih menawi ingkang dipungepuk gambar Dewi Ratih, mila bayinipun éstri. (Punika namung ingkang dipunkaremaken kemawon, déréng mesti dados kasunyatan). Ananging, bilih kita nyuwun kanthi saestu dhumateng Gusti Ingkang Maha Kuwasa, mila punapa ingkang dipungayuhaken saged kawujud.                                                   
  7. Sabibaripun upacara siraman menika kalajengaken upacara milih sekul jene ingkang mapan wonten ing takiripun ingkang garwa. Lajeng dipunlajengaken upacara sadeyan (  dodol dhawet saha rujak ). Anggenipun bayar dodolan ngangge logam ingkang kadamel saking remukan gendheng (kreweng) ingkang dipunbentuk bunder, arupa yatra logam punika. Asilipun dodolan dipunkempalaken lajeng dipunlebetaken kwali ingkang dipundamel saking lempung. Kwali ingkang sampun dipunisi kaliyan kreweng kala wau lajeng dipungepuk wonten ing ngajeng lawang. Upacara menika minangka simbol supados bayi ingkang dipunlairaken samangke pikantuk kathah rejeki, saged kangge nyekapi gesangipun kulawarganipun saéngga saged ngamal ingkang kathah.
B.     Ubarampe Upacara Tingkeban
Ubarampe ingkang dipunginakaken ing upacara tingkeban inggih menika awujud maneka werna dhedharan. Dene ancasipun wonten dhedharan menika minangka tandha sukur dhumateng Gusti Ingkang Maha Kuawasa awit sedaya sih nugrahanipun.
  1. Tumpeng Kuat. Tumpeng kuat minangka simbol supados bayi ingkang badhe dipunlairaken samangke sehat saha kuwat. Bahan ingkang dipunginakaken inggih punika wos. Tumpeng ugi dipunhias ngginakaken tigan ayam godhog 35 iji, tahu, tempe, iwak asin goreng, lombok mentah ingkang dipundamel hiasan saha terong mentah ingkang dipunonceki ananging kulitipun tetep taksih nemplek, saha dipunsukani urab-uraban.
  2. Jajan Pasar. Jajan pasar punika boten kedah dipundamel piyambak ananging tumbas kèmawon wonten ing pasar. Jajan pasar ingkang dipuntumbas antawisipun kue apem, kue cucur, kue bolu, kue lapis, saha woh-wohan kados ta nangka, jeruk, bengkowang, timun, pisang, kacang godhog, lan sapanunggalanipun. Sedaya jajan pasar kala wau dipuntata kanthi rapi nembè dipunsajikaken.
  3. Keleman. Keleman inggih punika kados ubi-ubi nan. Keleman ingkang dipunbetahaken dados ubarampe upacara tingkeban arupi pitung jinis, kados ta ubi jalar, tela, gembili, kenthang, wortel, ganyong, saha erut. Maneka warna keleman dipunsajikaken wonten ing setunggal wadah kados ta nyiru.
  4. Rujakan. Rujakan punika kadamel saking maneka warna woh-wohan kados ta jeruk, timun, blimbing, pisang watu, lan sapanunggalanipun. Sedaya bahan rujak dipuncampur dados setunggal saha dipunsajikaken kanthi saè ngantos raosipun rujak eco. Ancasipun inggih supados bayi ingkang badhe dipunlairaken samangke saged ngremenaken kulawarganipun.
  5. Dawet. Kangge nggampilaken anggenipun damel, dawetipun saged dipuntumbas wonten ing pasar saha ing griya namung kantun mangsak dawetipun kanthi dipuncampur santen supados raosipun eco. Menawi kepengin seger saged dipuntambahi ugi es batu.
  6. Sajen Medikingan. Sajen punika dipundamel kangge lairanipun putra ing sangandhaping putra bajeng piyambak. Dene ubarampenipun inggih kados mekaten.
·         sekul jene ingkang bentukipun kerucut.
·         sekul loyang, inggih punika sekul jene ingkang dipunkum wonten ing toya, lajeng dipundang malih saha dipunsukani klapa parut.
·         enten-enten, inggih punika campuran klapa parut kaliyan gendhis klapa ingkang dipunmangsak ngantos garing.
·         bubur procot, dipundamel saking glepung wos, santen sacekapipun, gendhis klapa, ingkang dipunmangsak kanthi wetah, lajeng dipunlebetaken periuk ingkang salajengipun dipunmangsak sesarengan.

Wonten ing upacara tingkeban kedah wonten ugi pitung jinis bubur, kalebet bubur procot punika.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar